Baca Juga
Salam Bolpenas.com
Dumateng sesepuh soho pinisepuh ingkung tuhu kinabekten. Wonten
pangarsanipun bopo lurah soho pangemban pangembating projo ingkang dahat
sinudarsono. Dumateng sekaring penganten sarimbit ingkang tuhu kawulo hormati,
sumrambahipun dumateng pengombyong penganten kakung sumawono putri ingkang
kawulo hormati soho ingkang kawulo tresnani
Kanti andaping manah sumonggo kawulo dereaken hangunjuaken puji
raos syukur wonten pangarsanipun Gusti ingkang murboning dumadi ingkang sampun
mbabar pinten-pinten nugroho, sahinggo kito waget kempal manunggal ing
madyaning pawiwahan puniko kanti tanmanggih ing rubedo, sumonggo kito
ejowantahaken kanti waosan tahmid. ALHAMDULILLAH…..
Sholawat soho salam tansah kunjuk wonten pangayunan dalem Nabi
Agung Muhammad SAW soho umatipun ingkang tuhu istiqomah dumugi yaumul akhir (( اللهم صلي علي سيد نا محمد
Nuwun kawulo nuwun, nuwun sewu
Dene kawulo deksuno cumantoko lumarap atur
wonten panjenengan sedoyo awet ing titi wanci puniko kawulo kajibah hambuko
wonten pahagianing ing siang puniko. Keparengo kulo ing mriki hangaturaken
menggah reruncening utawi rantamaning hadi coro pawiwahan puniko
Hadi coro ingkang nomer 1 inggih puniko
pambuko Kalajengaken hadicoro nomor 2 nenggih
kumandanging waosan kalam suci ilahi Asung pambagyo Harjo pinongko hadicoro
ingkang nomer 3 Kalajengaken hadicoro nomer 4 serah
tinampining putro penganten Kalajengaken hadicoro nomor urut
5 sabdo tomo. Hastungkoro utawi do’a pinangka panutuping
pawiwahan puniko Mekaten sagunging poro pilenggah menggah reroncening hadicoro ingkang
bade kalampah. Kanthi tansah nyuwun ridhonipun Gusti Allah Ta’ala mugiyo tumapak ing pahargian ing siang puniko
tanmanggih iung rubido. 1. Kinaryo pambukaning hadicara kito buka kanti waosan
umul kitab…………………… Mekaten waosan umul kitab mugi-mugiyo baerkahono dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo 2. Kumandanging waosan kalam suci Ilahi pinangka hadicara
nomer urut 2. Sumonggo ingkang tinanggenah wekdal ingkang winulyo kawulo
sumanggaaken……….. Mekaten kumandanging waosan kalam suci Ilahi
mugi-mugi berkahono dumateng sekaring penganten sarimbit. 3. Ndungkap hadicoro saklajengipun inggih puniko asung
pambagio Harjo ingkang hamengku gati, ingkang bade sumilih saliro
panjenenganipun bopo ……………….. Sumonggo titi laksono soho sasono sabdo kawulo
sumanggaaken………………………………… 4. Ndungkap hadicoro saklajengipun serah tinampining
putro penganten. Sumonggo dumateng ingkang kapiji atur serahing putro penganten
putri wekdal soho sasono kawulo sumanggaaken . Mekaten serahing putro penganten putri
ingkang sampun kaatur kanti tatas titis tetes. Kinaryo jangkepeng atur tinampining putro
penganten putri saking keluargo putro penganten kakung, ingkang bade sumilih
saliro panjenenganipun bopo ………………………………… Sumonggo dumateng penjenenganipun titi
laksosno soho sasono sabdo kawulo sumanggaaken. Mekaten tinampining putro penganten putri
saking kliuargo pengenten kakung. 5. Ndungkap hadicoro saklajengipun
sabdo tomo utawi patuah kagem penganten sarimbit, kasuon panjenenganipun bopo
…………………………………………. Kadereaken jengkar saking papan
pilenggahan tumuju ing sasono sabdo. Mekaten sabdo tomo ingkang nembe
kawedar saking bopo ……………………………………. Mugi-mugiyo sekaring penganten
sarimbit kadadosaken keluargo sakinah mawadah warohmah. 6. Kinaryo panutuping pawiwahan puniko hastungkoro utawi
berkah waosan do’a ingkang bade kaatur panjenenganipun bopo……………………………… Hanamung sakderengipun hadicoro puniko
kawiyos kawulo ingkang kapijij hambuko wontenipun pahargyan puniko mesti katah
klenta-klentunipun anggen kawulo lumarap atur wonten ngarso panjenenganipun
sedoyo, wiwit purwo, madyo, ngantos wusono. Mawantu-wantu kawulo ing mriki kabedahno
samudraning pangarsami saking poro rawuh soho pilenggahan sedoyo. Katur dumateng panjenenganipun Bopo
…………………. Ingkang kasuon berkah do’anipun sumonggo
wekdal ingkang minulyo kulo sumanggaaken. Kanti kawulo akhiri



0 comments